Thursday 18 October 2012

Mardi Kawi - 1860


Aksara Jawa 

Mardi Kawi - 1860

Sêrat Mardi Kawi karanganipún W.J.S. Púrwådarmintå aslinipún wontên 3 (tigang) buku / jilid, kasêrat mawi aksårå Jawi Carakan tahún 1860 ing Ngayogyakartå, kacithak tahún 1930 déning Uitgeverij en Boekhandel - Stoomdrukkerij "De Bliksem" - Solo.
Kapêthik namúng sakpérangan amargi wontên têdhakan ingkang wigati lan dadós dudutan / réfêrènsi ing Carakan Unicode Versi 5.2, antawisipún aksårå swårå Jawi Kina utawi Kawi ingkang botên kapacak ing Wawatón Sriwêdari 1926 :
  
1) Aksårå - aksårå ingkang kanggé titiyang Jawi jaman kinå, ingkang ugi kalimrah kawastanan Sastrå Kawi, punikå mênggah ing wujudipún sampún kathah bèntênipún tinimbang kaliyan ingkang kanggé samangké.





Video Aksara Jawa Mardi Kawi


2) Wóndéné aksårå Jawi ingkang kanggé nyêrati båså Kawi, piprincènipún makatên :





Aksårå Górókan: 
ꦏꦑꦒꦓꦔ
k kh g gh ng

Aksårå Cêthak:
ꦕꦖꦗꦙꦚ
c ch j jh ny

Aksårå Lidhah:
ꦡꦜꦞꦣꦟ
tth ddh dhh nh

Aksårå Dantå:

ꦠꦛꦢꦝꦤ
t th d dh n

Aksara Osthya:

ꦥꦦꦧꦨꦩ
p ph b bh m

 
ꦕ ꦖ ꦗ ꦙ ꦚ
ca cha ja jha nya

Aksårå Måndå Swårå:
 
ꦪꦫꦭꦮ
y r l w

Aksårå Swå (abab):
ꦯꦰꦱꦲ
sy sh s h


Katêrangan:
     Punikå aksårå :     mahaprana,

kadósta :  ꦄꦘ-ꦄꦚ


   Pasangan :  mahaprana, yèn kasêrat latin : “ch”,

upami : ꦕꦺꦕ꧀ꦖ- séchha


     Yèn dadós pasangan inggíh :  ,

upami :  ꦏꦼꦩ꧀ꦨꦁ꧈ ꦠꦼꦩ꧀ꦨꦁ



  Pasanganipún:  ,

upami:  ꦄꦩ꧀ꦧꦺꦴꦗꦷꦤ



    “dh” Aksara Danta: pasanganipún:  ,

upami:  ꦱꦤ꧀ꦣꦶ꧈ ꦧꦤ꧀ꦣ꧈ ꦄꦧ꧀ꦣ꧉



dh” Aksara Lidhah: pasanganipún:  ꦝ,

kadósta:  ꦥꦴꦟ꧀ꦝꦮ꧈ ꦕꦸꦟ꧀ꦝꦁ꧉

     Pasanganipún           

upami: ꦮꦠ꧀ꦰ꧌ꦮꦠ꧀ꦱ꧍



  inggih:  


ꦿ   Punika salugunipún pasangan:
꧀ꦚ    Punika pasangan: dipún péngkal 

Mênggah aksara:  ꦑ꧉ ꦓ꧈ ꦡ꧈ ꦦ꧈ ꦨ꧈ ꦯ꧈ ꦣ punika pamaósipun lêrêsipún kêdah

kanthi abab dadós langkúng antêb.

3) Aksårå Swårå inggih punikå:
a     ꧖ é      i     u     o        
Yén panjang (Dirgå)
ꦄꦴ ã   ai  ï  ꦈꦴü  ꦎꦴ au
ꦉꦴ
rêu lêu

4) Sandhangan Swårå wóntên warni kalih : “Limrah” kaliyan “Dirga (Panjang)”

a. Raswadi :

(ã =    ꦴ)->ꦦꦭ= phala
(ã = )->ꦥꦿꦨꦮ= prabhåwa

b. Dirgamutak : (ï = )

(i= ꦶ) → ꦧꦴ= tibã

(ï =)   ꦠꦷꦧꦿ= tïbra

c. Dirgamêndút : (ü = ) 

(u= )   ꦲꦸꦭꦸꦤ꧀= hulún
(ü =    ꦹ) ꦨꦹꦥꦠꦶ= bhüpati

d. Dirgamuré : (é =  )

(é = ꦏꦺ) ꦱꦟ꧀ꦢꦺꦲ= sandéhå 
(ai =  ꦏꦻ) ꦮ꧀ꦮꦻ= wwai

e. Dirgamuré raswadi : (au =ꦻꦴ)
(o = ꦺꦴ)   ꦥꦶꦁꦱꦺꦴꦂ= pingsór
(au = ꦻꦴ)   ꦩꦻꦴꦤ꧀= mauna

f. Dirgamutak : (õ = ꦼꦴ)
(ê = )  ꦲꦶꦝꦼꦥ꧀= hidhêp
(õ = ꦼꦴ)   ꦩꦱꦼꦴ= masõ

5) Sandhangan Anu Swårå () , yèn kasêrat latin: “ng”, déné yèn kapasangan ing:


ꦲ꧈ ꦏ꧈ ꦒ꧈ ꦯ꧉

anuswaranipún awujúd: 
ꦔ꧈

kadósta: 
ꦩꦔ꧀ꦏꦤ꧈ ꦱꦶꦤ꧀ꦓ꧈ ꦄ ꦺꦔ꧀ꦲꦭ꧀꧈ ꦦꦸꦗꦔ꧀ꦒ

ꦱꦔ꧀ꦓ꧈ ꦄꦔ꧀ꦯ


6) Sandhangan Wisargå (Wignyan) ( ) , 
sami kémawon kaliyan sigêg: ꦲ꧈

7) Kataling, sami kaliyan sigêg:  ꦪ꧈

ꦒꦮꦺ - ꦒꦮꦺꦪ꧈(gawé) ꦮꦔ꧀ꦏꦺ-ꦮꦔ꧀ꦏꦪ꧉(wangkåyå)

8) Wóntên ing båså Kawi trapipún sandhangan “Layar”, bótên dumunúng íng aksara ingkang kalayar, nangíng wóntên ing sawingkingipún.
Awit “Layar” punikå salugunipún inggih sigêg: ꦫ꧈ milanipún manawi dumunúng ing wåndå wékasan inggih kawêtahakén sigêg:  ꦫ꧉

ꦕꦠꦸꦮꦂꦟ  Saråså punikå: catur warnnå   ꦕꦠꦸꦂꦮꦂꦟ

ꦏꦰꦂ  Saråså punikå: karshå ꦏꦂꦰ

ꦄꦪꦾꦂ  Saråså punikå: aryå  ꦄꦂꦪꦾ

ꦒꦮ꧀ꦮꦂ   Saråså punikå: garwwå ꦒꦂꦮ꧀ꦮ

ꦭꦺꦴꦫ꧀   Saråså punikå: garwwå ꦭꦺꦴꦂ
ꦩꦺꦴꦗꦫ꧀ Saråså punikå: mojar ꦩꦺꦴꦗꦂ
 
9) Sandhangan Kêrêt ( ), yèn kasêrat aksårå kina: r, nanging ingkang makatên wau ingkang limrah yèn asal saking basa Sangsêkarta, yèn pancèn asli têmbúng inggih kasêrat: rê,

ꦩꦢꦽꦱ꧀    madrês

10) Wóndéné traping panjingan ingkang kanggé inggih pasanganipún,

kadóstå : ꦲ꧀ꦭꦩ꧀ꦲ꧀ꦭꦩ꧀ ꦠ꧀ꦏ꧈ ꦏ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪ꧈ ꦏ꧀ꦱꦶꦠꦶ꧉


Sandhangan Cåkrå lan Péngkal inggih sami kaliyan samangké:

ꦏꦿꦩ= kråmå, ꦫꦗꦾ= rajyå

Têmbung - têmbung ingkang wandanipún ingkang ngajêng “Pêpêt” kêrêp karangkêp kaliyan wåndå candakipún, dadós ical pêpêtipún, makatên punikå kawastanan Upåpanji,
upami:

ꦠꦼꦩꦸ-ꦠ꧀ꦩꦸ(têmu), 
ꦊꦧꦸ-ꦭ꧀ꦨꦸ(lêbu)
ꦏꦼꦧ-ꦏ꧀ꦨ(kêba)

11) Mênggah pamaósipún båså Kawi punikå ingkang limrah miring “Cårå Banyumasan” dadós: “soêrå” kêdah kawaos: soêra.

12) Panyêratipún båså Kawi punikå ingkang limrah mawi “Sastrå Lampah”, inggih punikå yèn wóntên aksårå sigêg lajêng kasusúl íng aksårå swårå, sisigêgipún ical.
Déné aksårå swårå wau lajêng malíh dadós aksårå sisigêg wau, mawi sandhangan swårå kados déné swaraning aksårå swårå.
upami:



ꦮꦸꦏꦶꦫ꧀ꦄꦭꦱ꧀     -     ꦮꦸꦏꦶꦫꦭꦱ꧀

ꦄꦏꦺꦴꦤ꧀ꦄꦏꦸ     -     ꦄꦏꦺꦴꦤꦏꦸ

ꦩꦗꦫ꧀                 -     ꦩꦗꦫꦶ

ꦱꦁꦈꦠ꧀ꦠꦁꦏ              -     ꦱꦔꦸꦠ꧀ꦠꦁꦏ

ꦄꦮꦶꦊꦩ꧀ꦄꦱ꧀ꦠꦸ      -     ꦄꦮꦶꦊꦩꦱ꧀ꦠꦸ

13) Déné yèn kasêrat aksårå latin, kapilah pilah miturút lingganipun
      (satêmbúng - satêmbúng).
  “Ambêk sang paramartha pandita huwus limpad sangkèng Çunyata,
tan  sangkèng wisaya prayojana nira lwir sanggrahèng lokika.”

꧋ ꦄꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦰꦁꦥꦫꦩꦡꦂ,ꦥꦟ꧀ꦝꦶꦠꦲꦸꦮꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦢ꧀ꦱꦔ꧀ꦏꦺꦁꦯꦸꦤꦾꦠ꧈
ꦠꦤ꧀ꦰꦔ꧀ꦏꦺꦁꦮꦶꦰꦪꦥꦿꦪꦺꦴꦗꦤꦤꦶꦫꦭ꧀ꦮꦶꦱꦂꦔ꧀ꦒꦿꦲꦺꦁꦭꦺꦴꦏꦶꦏ꧉

Amrih anggamblangakên sanyuraós ing waósan 

sumber: http://adjisaka.com/index.php/01-mardi-kawi

____________
Aksara Daerah Ansi 




No comments:

Post a Comment

Urban Clothing

Urban Clothing
Busana Urban Sport